Kelangan
Dening Nuraini
Azizah
Ing jaman semana
Akeh wong kang mituhu
Bekti marang bapa ibu
Lumrahe wong kang murih ngelmu
Nanging saiki
Akeh wong kang padha kliru
Akeh wong pinter
Nanging keblinger
Pintere
digawe minteri liyane
Ngelmu kang wus diluru
Ora ditrapke
Ana papan kang sakmestine
Bocah sekolah kakean polah
Ing jaman saiki
Akeh guru diseneni
Wong tua digepuki
Andap asor
Tata krama
Wus sirna
Duuh biyuung.....
Tata
krama,unggah-ungguh
Kang
bakal dadi simbol wong jawa
Wus
sirna
Piye
karepe bocah saiki?
He kancaku
Kene tak kandani
Koe wong jawa
Kudu duwe tata krama
Tidak ada komentar:
Posting Komentar